االْحَمْدُ للهِ جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرًا مُبَارَكًا، وَفَرَضَ عَلَيْنَا الصِّيَامَ لِأَجْلِ التَّقْوٰى. أَشْهَدُ أَنْ لَاۧ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مَحَمَّدٍ الْمُجْتَبٰى، وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلِ التُّقٰى وَالْوَفٰى. أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى. فَقَالَ اللهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ. قَدْ أَفْلَحَ مَن تَزَكَّىٰ وَذَكَرَ ٱسْمَ رَبِّهِۦ فَصَلَّىٰ
Alhamdulillah,
sampun kalih minggu Ramadan ninggalaken kita. 2 minggu punika ugi kita sampun
ngrayakake dinten riyaya ing wulan Syawal. Para sahabat Nabi rumiyin ngantos
nangis nalika pisah kaliyan wulan Ramadan, amargi padha kuwatir bilih
amal-amale mboten dipun tampi dening Allah. senajen ditampi utawi mbotenipun
amal punika hakipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Allah ngendika:
إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ
اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِينَ
“Tegese: Satemene Allah namung nampi amal saking
tiyang-tiyang ingkang bertakwa.” (QS. Al-Ma’idah: 27)
Mila saking punika, para ulama nerangake wonten
tandha-tandha ditampinipun amal, ingkang dipun wastani alamatul qabul.
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Mulo Ing khutbah punika, kanti teme, wonten “Tiga
Golongan Manungsa Sawise Ramadan.”
Golongan kapisan, inggih punika tiyang ingkang sakbadane
Ramadan tambah rajin lan tambah taat dhateng Allah. Nalika Ramadan piyambakipun
rajin salat berjamaah wonten ing masjid, mushola, saksampunipun Ramadan ugi
tetep dipun jaga sholat jamahipun. Rasulullah ﷺ
ngendika:
مَنْ غَدَا إِلَى
الْمَسْجِدِ أَوْ رَاحَ أَعَدَّ اللَّهُ لَهُ فِي الْجَنَّةِ نُزُلًا كُلَّمَا
غَدَا أَوْ رَاحَ
“Tegese: Sinten ingkang tindak dhateng masjid
esuk utawi sonten, Allah nyawisaken papan wonten ing swarga saben piyambakipun
tindak lan wangsul.” (HR. Bukhari & Muslim)
Nalika Ramadan rajin maos Al-Qur’an, sasampunipun
Ramadan ugi tetep dipun lanjutaken maos al quran. Rasulullah ﷺ ngendika:
اقْرَؤُوا الْقُرْآنَ
فَإِنَّهُ يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيعًا لِأَصْحَابِهِ
“Tegese: Maosono Al-Qur’an, amargi badhe dados
syafaat kangge tiyang ingkang maos wonten ing dinten kiamat.” (HR. Muslim)
Nalika Ramadan remen sedekah, sasampunipun
Ramadan ugi tetep sedekah. Rasulullah ﷺ
ngendika:
أَحَبُّ الْأَعْمَالِ
إِلَى اللَّهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ
“Tegese: Amal ingkang paling dipun tresnani Allah
inggih punika ingkang terus-terusan senajan sethithik.” (HR. Bukhari &
Muslim)
Hadirin ingkang dipun mulyaaken Allah,
Puniki ingkang dipun wastani tandha ditampinipun
amal, inggih punika kebaikan ingkang kontinyu utawi kebaikan ingkang terus menerus
dipun lampahi. Kados firman Allah:
فَإِذَا فَرَغْتَ
فَانْصَبْ
“Tegese: Menawi sampun rampung saking
satunggaling urusan, mila tekunana/tumandang ing urusan sanes.” (QS.
Al-Insyirah: 7)
Golongan punika insyaAllah kalebet tiyang ingkang
dipun tampi amalipun, imanipun tambah sae lan saged njagi diri saking maksiat.
Mugi-mugi kita sedoyo saget kalebet golongan punika.
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah,
Golongan kaping kalih, inggih punika tiyang
ingkang sadèrèngipun Ramadan males ibadah. Nalika Ramadan dugi, dados rajin
salat berjamaah wonten masjid, maos Al-Qur’an, sedekah, lan njagi lisanipun.
Nanging sasampunipun Ramadan mungkur pamit ninggalaken,
mongko sedaya dipun tinggal. Bali maring
setelan awal mboten rajin tindak wonten masjid utowo mushola, maos al quran
dipun tinggal, sedekah kroso iman lan mboten saget njagi lisan lan agngota
badan lintune sangkeng perkawis ingkang haram, padahal tasih wonten ing wulan
Syawal. Rasulullah ﷺ ngendika:
كَمْ مِنْ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إِلَّا الْجُوعُ
وَالْعَطَشُ
“Tegese: Kathah tiyang ingkang puasa, nanging
mboten pikantuk apa-apa kejawi lapar lan ngelak.” (HR. Ahmad, Ibnu Majah)
Puniki golongan ingkang mboten pikantuk pahala,
kejawi namung rasa lapar lan ngelak. Na’udzubillah.
Hadirin jamaah rahimakumullah,
Menawi Ramadan ingkang kita lampahi mboten saged
ndadosaken kita hamba ingkang langkung sae, punika tandha bilih puasane namung
pikantuk lapar lan ngelak kemawon.
Mugi-mugi Allah njagi kita saking golongan
punika.
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah,
Golongan ingkang pungkasan inggih punika tiyang
ingkang sadèrèngipun Ramadan males ibadah, nalika Ramadan tetep males, lan saksampunipun
Ramadan malah saya tebih saking Allah. Punika golongan ingkang cilaka. Rasulullah
ﷺ ngendika:
رَغِمَ أَنْفُ عَبْدٍ أَدْرَكَ رَمَضَانَ فَلَمْ يُغْفَرْ لَهُ
“Tegese: Celaka tiyang ingkang ketemu kaliyan
Ramadan, nanging mboten dipun paringi pangapunten.” (HR. Tirmidzi)
Wonten
tiyang ingkang kados mekaten, awan Ramadan mangan lan ngombe tanpa isin, boten
ngajeni tiyang ingkang puasa. Padahal kiambake tiang ingkang muslim, agamanipun
islam, KTP enipun tertulis ceto islam, bahkan praktik ibadahipun secoro islam, nagging
mboten wonten rasa hormat terhadap Ramadan Padahal
mboten gerah, mboten safar, lan mboten wonten uzur syar’i. Nanging kedah dipun
eling, bilih puasa punika panggilan iman:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا
“Tegese: Wahai tiyang-tiyang ingkang iman…” Namung
tiyang ingkang gadhah imanlah ingkang saged nindakaken puasa kanthi temen.
Hadirin
jamaah Jumat rahimakumullah,
Monggo kita sami ndedonga dhateng Allah:
mugi-mugi kita dipun lebokaken wonten ing golongan kapisan, golongan ingkang
ditampi amalipun. Lan Mugi-mugi dosa-dosa kita dipun ngapuro dateng allah,
gesang kita dipun benahi dados langkung sae, lan dipun paringi kesempatan malih
pinanggih Ramadan tahun ngajaeng. Lan mugi pungkasan gesang kita husnul
khatimah.
Aamiin
ya Rabbal ‘alamin.
: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ
الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ. قَدْ أَفْلَحَ مَن
تَزَكَّىٰ وَذَكَرَ
ٱسْمَ رَبِّهِۦ فَصَلَّىٰ
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِاْلُقْرءَانِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ ِبمَا
ِفيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهٗ هُوَ
اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Tidak ada komentar:
Posting Komentar