Senin, 25 Mei 2026

KHUTBAH IDUL ADHA: TANGIS IBRAHIM, UJIAN CINTA, LAN PENDIDIKAN ANAK ING ZAMAN SAK IKI



الحمد لله الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا أن هدانا الله، نحمده سبحانه وتعالى ونستعينه ونستغفره ونتوب إليه، ونعوذ بالله من شرور أنفسنا ومن سيئات أعمالنا، من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له.
وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن سيدنا محمدًا عبده ورسوله، اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى آله وصحبه أجمعين.

أما بعد…

فيا عباد الله، أوصيكم ونفسي بتقوى الله فقد فاز المتقون.

Jamaah Sholat Idul Adha rahimakumullah…

Mboten kroso dinten sampun berganti. Lan mboten dangu malih, peristiwa ageng menika badhe terulang malih. Peristiwa ingkang saben tahun kita kenang kanthi tetesan air mata, kanthi gema takbir, kanthi ati ingkang bergetar nalikane ngelingi pengorbanan Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail ‘alaihimassalam.

Menika dudu peristiwa biasa…

Nanging peristiwa ingkang nguji sepinten ageng cintaipun seorang hamba dhateng Rabbipun.

Coba panjenengan bayangaken…

Wonten seorang bapak ingkang puluhan tahun mboten kagungan putra.

Mboten setahun… Mboten kalih tahun… Nanging wolung puluh enem tahun ngantos ngentosi keturunan.

Esuk, siyang, sonten, lan dalu beliau terus ndedonga:

﴿رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ﴾

“Ya Rabb, paringana kula anak ingkang sholeh.” (QS. Ash-Shaffat: 100)

Donga menika terus dipun panjataken kanthi linangan air mata. Sepinten ageng kerinduanipun dhateng seorang anak. Sepinten ageng pengajeng-ajengipun kangge mireng swanten alit ingkang nyeluk piyambakipun kanthi panggilan “ayah”.

Ngantos pungkasane Allah ngabulaken donga menika.

Lairlah seorang anak ingkang sanget dipun tresnani: Nabi Ismail ‘alaihissalam.

Nanging nalikane rasa cinta menika wiwit tumbuh, nalikane kebahagiaan menika sampurna, Allah nguji Nabi Ibrahim.

Allah mboten nyuwun kambingipun.

Allah mboten nyuwun untanipun.


Allah mboten nyuwun hartanipun.

Nanging Allah nyuwun perkara ingkang paling dipun tresnani. Allah nyuwun anak ingkang puluhan tahun dipun nanti.

Amargi cinta dhateng Allah mboten oleh kalah kaliyan cinta dhateng selain-Nya.

Rasulullah ﷺ bersabda:

«لَا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى أَكُونَ أَحَبَّ إِلَيْهِ مِنْ وَلَدِهِ وَوَالِدِهِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ»

“Tidak sempurna iman salah seorang di antara kalian sampai aku lebih ia cintai daripada anaknya, orang tuanya, dan seluruh manusia.” (HR. Bukhari dan Muslim)

Jamaah Sholat Idul Adha rahimakumullah…

Sungguh abot ujian menika. Nanging Nabi Ibrahim mboten mbantah. Beliau sowan dhateng putranipun kanthi ati ingkang remuk.

Kanthi suara gemeter beliau ngendika:

﴿يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ﴾

“Wahai anakku, sesungguhnya aku melihat dalam mimpi bahwa aku menyembelihmu. Maka pikirkanlah bagaimana pendapatmu?” (QS. Ash-Shaffat: 102)

Kalimat menika mboten namung pertanyaan.

Menika tangisan seorang bapak.

Menika ujian keimanan.

Menika pertaruhan antawis cinta dhateng anak lan cinta dhateng Allah.

Lan jawaban Nabi Ismail menika jawaban ingkang mengguncang langit.

Beliau mboten matur: “Wahai Ibrahim…” Mboten.

Nanging beliau matur kanthi lembut:

﴿يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ﴾

“Wahai ayahandaku tercinta, lampahana nopo ingkang dipun perintahaken Allah.”

Panggilan kebak kasih sayang.

Panggilan seorang anak ingkang dipun besarken kanthi makanan halal, kanthi donga, kanthi iman, lan kanthi pendidikan tauhid.

Lajeng Nabi Ismail matur:

﴿سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ﴾

“Panjenengan badhe manggih kula, insya Allah, kalebet tiyang ingkang sabar.”
(QS. Ash-Shaffat: 102)

Perhatikan kalimatipun…

Beliau mboten sombong.

Beliau mboten matur: “Kula pasti sabar.”

Nanging beliau matur:

“Insya Allah…”

Amargi tiyang mukmin mboten nate rumangsa hebat wonten ngarsanipun Allah.

Jamaah Sholat Idul Adha rahimakumullah…

Sampun pinten tahun kita ngulang peristiwa menika?

Amargi menika dipun sebat Idul Adha.

“‘Id” tegesipun sesuatu ingkang terus mbaleni.

Menawi umur kita sekawan puluh tahun, tegesipun kita sampun sekawan puluh kali mireng kisah menika.

Nanging pertanyaanipun…

Nopo anak-anak kita sakniki tasih kados Nabi Ismail?

Nopo tasih tunduk dhateng Allah?

Nopo tasih remen shalat?

Nopo tasih bangga kaliyan Al-Qur’an?

Utawi malah isin kaliyan agama?

Menika ingkang kedahipun ndadosaken kita nangis wonten dinten raya menika.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah…

Anak-anak menika ibarat tanah subur. Allah mboten nyiptakaken piyambakipun kosong.

Rasulullah ﷺ bersabda:

«كُلُّ مَوْلُودٍ يُولَدُ عَلَى الْفِطْرَةِ»

“Saben anak lair wonten ing keadaan fitrah.” (HR. Bukhari dan Muslim)

Fitrah menika dudu kertas kosong.

Fitrah menika fitrah Islam.

Sakderenge anak-anak menika lair wonten donya, ruhipun sampun bersaksi wonten ngarsanipun Allah.

Allah Ta‘ala berfirman:

﴿وَإِذْ أَخَذَ رَبُّكَ مِنْ بَنِي آدَمَ مِنْ ظُهُورِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَأَشْهَدَهُمْ عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ ۖ قَالُوا بَلَىٰ شَهِدْنَا﴾

“Bukankah Aku ini Tuhan kalian?”


Maka seluruh ruh menjawab:

“Benar, kami bersaksi.” (QS. Al-A‘raf: 172)

Dinten menika sasampunipun khutbah, kita badhe ngulang malih persaksian menika:

أشهد أن لا إله إلا الله وأشهد أن محمدًا رسول الله

Nanging pertanyaanipun…

Nopo anak-anak kita ugi tasih kagungan keyakinan ingkang sami?

Menika ingkang dipun khawatiraken Nabi Ya‘qub ‘alaihissalam.

Nalika menjelang wafatipun beliau bertanya:

﴿مَا تَعْبُدُونَ مِنْ بَعْدِي﴾

“Apa yang kalian sembah setelah aku meninggal?” (QS. Al-Baqarah: 133)

Perhatikan…
Ingkang dipun khawatiraken para nabi dudu panganan anak-anakipun. Amargi rezeki sampun dijamin Allah.

﴿وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللَّهِ رِزْقُهَا﴾

“Tidak ada satu makhluk melata pun di bumi melainkan Allah yang menjamin rezekinya.”
(QS. Hud: 6)

Cacing wonten njero lemah dipun paringi pangan dening Allah. Manuk ingkang mabur wonten langit ugi dipun paringi rezeki dening Allah.

Nanging ingkang dipun khawatiraken para nabi menika akidah anak-anakipun.

Nopo tasih istiqamah ngantos akhir hayat kanthi kalimat:

لا إله إلا الله

Jamaah Sholat Idul Adha rahimakumullah…

Nalika anak lair, kita ingkang pertama mbisikaken adzan lan iqamah wonten kupingipun.

Kanthi suara lirih lan air mata kita matur:

الله أكبر الله أكبر

أشهد أن لا إله إلا الله

Sakjane nopo ingkang kita karepaken saking anak-anak menika?

Kita mboten ngarep-arep piyambakipun namung damelaken griya ageng. Kita mboten ngarep-arep kemewahan dunya.

Nanging ingkang kita pengen namung setunggal…

Besok nalikane awak kita terbujur kaku, nalikane nyawa sampun wonten tenggorokan, nalikane sedaya keluarga nangis wonten sekitar kita…

Kita pengen anak kita nyedhak wonten kuping kita lan mbisikaken:

لا إله إلا الله

Menika kebahagiaan sejati seorang bapak lan ibu.

Mboten wonten gunanipun anak sugih raya nanging tebih saking agama. Mboten wonten gunanipun jabatan tinggi nanging mbangkang dhateng Allah.

Amargi ingkang kita suwun wonten donga menika:

﴿رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ﴾

“Ya Rabb kami, paringana pasangan lan keturunan ingkang menyejukkan mata.”
(QS. Al-Furqan: 74)

Qurrata a‘yun…

Sejuk dipandang mata. Mboten damel panas ati.

Sampun ngantos nalika kita maos Al-Qur’an, anak malah sinis kaliyan agama. Sampun ngantos nalika kita shalat, piyambakipun malah ngguyu lan ngece ibadah.

Awakipun pancen urip… Nanging menawi imanipun rusak, sejatinipun jiwane sampun hancur.

Lajeng sinten ingkang merusak? Televisi? Internet? Lingkungan?

Sampun kesusu nyalahaken dunia luar.

Amargi Rasulullah ﷺ sampun bersabda:

«فَأَبَوَاهُ يُهَوِّدَانِهِ أَوْ يُنَصِّرَانِهِ أَوْ يُمَجِّسَانِهِ»

“Kedua orang tuanyalah yang menjadikannya Yahudi, Nasrani, atau Majusi.”
Maka renungkanlah…

Ning pundi kita nalikane anak butuh pendidikan agama?

Ning pundi kita nalikane anak pengen menunjukkan hafalan surat pendekipun?
Ning pundi kita nalikane anak butuh pelukan lan kasih sayang?

Nalika anak kehilangan perhatian wonten griya, piyambakipun badhe golek cinta wonten njawi. Lan saking mriki kehancuran menika dimulai.

Jamaah Sholat Idul Adha rahimakumullah…

Harta sepinten mawon pungkasane badhe ditinggal.

Tanah amba badhe berganti nama pemilikipun.


Sertifikat griya badhe berpindah tangan.

Mobil mewah badhe diwarisaken.

Sedaya fana.

Rasulullah ﷺ bersabda:

«يَقُولُ ابْنُ آدَمَ: مَالِي مَالِي، وَهَلْ لَكَ مِنْ مَالِكَ إِلَّا مَا أَكَلْتَ فَأَفْنَيْتَ، أَوْ لَبِسْتَ فَأَبْلَيْتَ، أَوْ تَصَدَّقْتَ فَأَمْضَيْتَ»

“Apa yang engkau makan akan habis. Apa yang engkau pakai akan usang. Dan apa yang engkau sedekahkan, itulah yang kekal.” (HR. Muslim)

Maka wonten dinten Idul Adha menika, monggo kita belajar saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail.

Monggo kita didik anak-anak kita kanthi iman.

Monggo kita hadir kangge mereka sakderenge terlambat.

Monggo kita tanamkan tauhid sakderenge dunia merusak ati mereka.

Amargi sejatinipun warisan terbaik menika dudu harta…

Nanging anak sholeh ingkang terus ndedongakaken tiyang sepahipun ngantos liang kubur.

Rasulullah ﷺ bersabda:

«إِذَا مَاتَ ابْنُ آدَمَ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثٍ: صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ، أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ»

“Menawi manusia sampun meninggal dunia, terputus amalipun kecuali tiga perkara: sedekah jariyah, ilmu ingkang bermanfaat, lan anak sholeh ingkang ndedongakaken piyambakipun.”
(HR. Muslim)

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.





Tidak ada komentar:

Bimbingan Calon Pengantin (Bimcatin) kepada pasangan calon pengantin Daryanto dan Dika Novia Pangestuti

  aporan Kegiatan Bimbingan Calon Pengantin (Bimwin/Bimcatin) P ada tanggal 3 Juni 2026, KUA Kecamatan Tegowanu melaksanakan kegiatan Bimbi...