كْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ
اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً لا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ لا إِلهَ إلا اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَاللهِ الْحَمْدُ
الْحَمْدُ للهِ الَّذِي وَفَقَنَا الإِثْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَنَا عَلَى الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ, وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّينَ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْMِ الدِّينَ أَمَّا بَعْدُ:
فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ وَأَحُسُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ:
قُلْ يَعِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَى أَنفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِن رَّحْمَةِ اللَّهِ ج إِنَّ اللَّهَ يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ
Jamaah Sholat ‘Idul Fitri ingkang
dipun mulyaaken déning Allah SWT
Sepisan,
sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT,
awit kanthi limpahan nikmat, rahmat, saha hidayahipun, kita saged nglaksanani
Sholat ‘Idul Fitri kanthi berjamaah wonten ing masjid ingkang kebak berkah
menika.
Kaping kalih,
sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW, ingkang kita ngarep-arep syafaatipun wiwit saking donya dumugi
akhirat.
Kaping tiga,
kula nyuwun ijin ngaturaken wasiat dhumateng diri kula piyambak saha jamaah
sedaya, sumangga kita sami ningkataken takwa dhumateng Allah SWT, kanthi
nglampahi sedaya dhawuhipun lan nyingkiri sedaya laranganipun.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar.
Jamaah Sholat ‘Idul Fitri ingkang kulo mulyaaken…
Dinten menika
kita sami ngrayakaken dinten riyaya ‘Idul Fitri. Tembung fitri punika tegesipun bali dhateng kesucian, minangka
pratanda bilih kita sampun ngrampungaken ibadah puasa Ramadhan.
Kanthi
rahmat lan anugrahipun Gusti Allah, kita sedaya saged ngrampungaken kewajiban
puasa, ingkang kalebet rukun Islam ingkang kaping sekawan. Sajeroning ibadah
puasa, kita sinau ngendhaleni hawa nafsu, saking mangan, ngombe, saha perkawis
sanesipun.
Mila, kanthi
rawuhipun ‘Idul Fitri menika, kita kraos pikantuk kamenangan. Kados dene prajurit
ingkang wangsul saking medan perang kanthi nggawa kamenangan ingkang gemilang.
Satemenipun, nglawan hawa nafsu punika kalebet jihad ingkang ageng.
Kados
dawuhipun Rasulullah SAW:
“رَجَعْنَا مِنَ الْجِهَادِ اْلاَصْغَرِ اِلَى اْلجِهَادِ
اْلاَكْبَرِ”
Tegesipun:
Kita wangsul saking jihad alit (ngelawan mungsuh), dhateng jihad ingkang
langkung ageng.
Para sahabat
lajeng sami nyuwun pirsa: “Punapa ingkang dipun maksud jihad ageng, ya
Rasulullah?”
Panjenenganipun
lajeng ngendika:
“جِهَادِ النَّفْسِ”
Inggih punika
jihad nglawan hawa nafsu.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu
Akbar.
Jamaah Sholat ‘Idul Fitri ingkang dipun mulyaaken
déning Allah SWT
Kathah sanget
tiyang ingkang ngakeni dados umat Islam, nanging boten nate nglampahi sholat,
ugi boten nglampahi poso. Nanging anehipun, naliko ‘Idul Fitri rawuh, sami melu
bungah-bungah lan seneng-seneng.
Polah
tingkahipun kados dene para pahlawan ingkang nembe wangsul saking medan perang
kanthi nggawa kamenangan. Nanging satemenipun, malah dereng nate nyumurupi
mungsuhipun, langkung-langkung nglawan utawi ngalahakenipun.
Jamaah Sholat ‘Idul Fitri ingkang dipun mulyaaken
Allah SWT
Nyambut dinten
riyaya kanthi bingah lan suka cita punika kenging kemawon, nanging kedah wonten
watesipun, boten ngantos ngluwihi paugeran lan dados mubadzir.
Salah
satunggaling ulama agung, Abu Yazid, naté ngendika:
“لَيْسَ اْلعِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ اْلجَدِيْدَ، وَلاَ لِمَنْ
اَكَلَ اْلقَدِيْدَ، وَلَكِنَّ اْلعِيْدُ لِمَنْ طَاعَتُهُ تَزِيْدُ، وَخَافَ
اْلوَعِيْدَ”
Tegesipun:
“Riyaya punika boten kanggé tiyang ingkang namung ngagem sandhangan enggal lan
nedha panganan ingkang enak, nanging riyaya punika kanggé tiyang ingkang tambah
taat dhumateng Allah lan wedi dhumateng ancaman siksa-Nipun.”
Mila, cetha
bilih tiyang ingkang ngrayakaken riyaya namung kanthi seneng-seneng lan
tumindak mubadzir, punika namung nuruti kekarepan hawa nafsunipun piyambak.
Awit
Rasulullah SAW sampun dawuh:
“لاَ يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يَكُوْنَ هَوَاهُ تَبَعًا
لِمَا جِئْتُ بِهِ”
Tegesipun:
“Dereng sampurna imanipun salah satunggaling panjenengan, ngantos hawa
nafsunipun manut dhumateng ajaran ingkang kula bawa.”
(HR. Imam
Bukhari)
Mila ingkang
leres punika, sanes agama ingkang dipun tundhukaken dhateng hawa nafsu, nanging
kosok baline, hawa nafsu ingkang kedah dipun kendhaleni, dipun rem, lan dipun
arahaken miturut tuntunan agama Islam.
Menawi
punika saged dipun lampahi, mila nembe saged kawastanan sampurna imanipun.
Jamaah ingkang kinurmatan…
Sumangga
kita tansah waspada dhumateng godhanipun syaitan. Awit wonten riwayat saking
sahabat Wahab bin Munabbih, bilih Rasulullah SAW naté ngendika,
إِنَّ إِبْلِيْسَ عَلَيْهِ لَعْنَةُ اللهِ يَصِيْحُ فِي كُلِّ
يَوْمِ عِيْدٍ، فَيَجْتَمِعُ أَهْلُهُ عِنْدَهُ، فَيَقُوْلُوْنَ: يَا سَيِّدَنَا مَنْ أَغْضَبَكَ نَكْسِرْهُ؟ فَيَقُوْلُ: لاَ شَيْءَ، وَلَكِنَّ اللهَ قَدْ غَفَرَ لِهَذِهِ الأُمَّةِ
فِي هَذَا الْيَوْمِ، فَعَلَيْكُمْ أَنْ تُشْغِلُوْهُمْ بِاللَّذَّاتِ
وَالشَّهَوَاتِ وَشُرْبِ الْخَمْرِ حَتَّى يُبْغِضَهُمُ اللهُ
satemenipun iblis laknatullah njerit saben
dinten riyaya. Banjur para bala tentaranipun sami nglumpuk, lajeng nyuwun
pirsa:
“Wahai
pimpinan kula, sinten ingkang damel panjenengan duka, badhe kula remuk?”
Iblis lajeng
mangsuli: “Boten wonten. Nanging Gusti Allah sampun maringi pangapunten
dhumateng umatipun Nabi Muhammad ing dinten menika. Mila tugas panjenengan
sedaya, godhonen kanthi kesenengan, hawa nafsu, lan perkara ingkang ndadosaken
lalai, supados piyambakipun dados tiyang ingkang dipun bendu déning Allah.”
Mila saking
punika, sumangga kita jaga kesucian dinten ‘Idul Fitri menika, kanthi tansah
eling lan waspada, boten keseret dening hawa nafsu, lan tetep wonten ing
dalanipun Allah SWT.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu
Akbar.
Jamaah Sholat ‘Idul Fitri ingkang bingah saha
kinurmatan…
Saben tiyang
ingkang gadhah cita-cita utawi niat badhe nggayuh satunggaling perkawis ingkang
maringi kabagyan, mesthi kedah wani ngadhepi rekasa, kesulitan, lan kedah sabar
nglampahi cobaan.
Kita menawi
kepengin ngrasakaken leginipun woh nangka, kedah purun kagem ketempelan
pulutipun. Menawi kepengin ngrasakaken leginipun madu, ugi kedah purun katempuh
resiko kesengat tawon.
Makaten ugi,
sedaya kabingahan lan kasenengan punika boten saged dipun gayuh kejawi kanthi
perjuangan, kesabaran, lan keprihatinan.
Semanten ugi
dinten riyaya menika, ingkang kebak kabingahan lan kabagyan, boten saged dipun
gayuh kejawi kanthi nglampahi ibadah puasa ing wulan Ramadhan. Sajeroning
sewulan kebak, kita sinau nahan ngelih, ngelak, lan ngendhaleni sedaya perkawis
ingkang saged mbatalaken puasa.
Mila, tiyang
ingkang kepengin gesang penak nanging boten purun rekasa, kados dene kepengin
nedha nangka nanging boten purun kegupak pulutipun.
Jamaah
‘Idul Fitri ingkang dipun mulyaaken Allah SWT
Rekasa rumiyin lajeng kabingahan, punika
boten namung kadadosan ing manungsa kemawon. Sumangga kita pirsani kahananipun
kupu-kupu. Asalipun saking uler. Nalika badhe malih dados kupu-kupu ingkang
saged mabur kanthi bebas, piyambakipun kedah nglampahi proses ingkang abot,
inggih punika ngenthung (kepompong), boten mangan lan boten ngombe, lan
nglebeti papan ingkang sempit sajawining pirang-pirang dinten.
Nanging ing
pungkasanipun, piyambakipun malih dados kupu-kupu ingkang endah lan saged mabur
kanthi bebas.
Punapa
ingkang makaten punika kedah dados pepeling lan piwulang (tadzkirah) tumrap
kita sedaya, bilih kabingahan sejati punika kedah dipun lampahi kanthi
perjuangan lan kesabaran.
Mila, leres
sanget kados ingkang sampun dipun dhawuhake déning Allah Ta’ala:
فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ
يُسْرًا، إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (سورة الشرح: 5-6)
Tegesipun: “Satemenipun bareng kaliyan kasulitan punika
mesthi wonten kemudahan. Satemenipun bareng kaliyan kasulitan punika mesthi
wonten kemudahan.”
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu
Akbar.
Jamaah Sholat ‘Idul Fitri ingkang
dipun mulyaaken déning Allah SWT
Nalika kita nglampahi ibadah puasa,
kita sami ngrasakaken ngelih lan ngelak. Nanging kahanan punika namung kita
raosaken nalika poso kemawon. Menawi boten poso, kita saged dhahar, ngunjuk,
saha nindakaken menapa kemawon kanthi lega.
Nanging, menawi kita purun mirsani
kahananipun para fakir miskin, gesangipun sanget memprihatinkan. Wonten ingkang
sedinten dhahar, sedinten boten. Sandhanganipun suwek lan boten gadhah
gantosipun. Saben dinten mlampah nyuwun kawelasan saking tiyang sanes.
Tiyang kados mekaten punika saben
dinten ngrasakaken ngelih lan ngelak, lan atine tansah kebak kasusahan amargi
boten mesthi menapa ingkang badhe dipun dhahar. Malah wonten ingkang kedah
ngopeni anak yatim.
Mila, sasampunipun kita ngrasakaken
rekasa lan sangsarane poso sewulan kebak, sampun kedah thukul rasa welas asih
dhumateng para fakir miskin.
Awit saking punika, agama Islam
maringi dhawuh supados umatipun ngedalaken zakat fitrah. Kados dawuhipun Nabi
Muhammad SAW:
“صَوْمُ
الْعَبْدِ مُعَلَّقٌ بَيْنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ حَتَّى يُؤَدِّيَ صَدَقَةَ
الْفِطْرِ”
Tegesipun: “Posone kawula punika
kados digantung antawisipun langit lan bumi, ngantos piyambakipun ngedalaken
zakat fitrah.”
Sinten ingkang wajib zakat fitrah?
Inggih punika saben Muslim ingkang gadhah kaluwihan rezeki kanggé piyambakipun
lan kulawarganipun ing wengi lan dinten riyaya.
Lan syaratipun, tiyang punika taksih
gesang nalika surupipun srengéngé ing pungkasan wulan Ramadhan (mlebet 1
Syawal). Menawi wonten bayi lair sakderengipun maghrib utawi wonten tiyang séda
sasampunipun maghrib, mila kalebet wajib zakat fitrah.
Sinten ingkang nanggung zakatipun
lare-lare? Inggih punika tiyang sepuhipun. Menawi boten wonten, dipun tanggung
déning tiyang ingkang wajib maringi nafkah saben dintenipun.
Kagem sinten zakat fitrah punika
dipun paringaken? Allah SWT sampun nerangaken wonten ing Al-Qur’an, surat
At-Taubah ayat 60, inggih punika kanggé golongan ingkang pantes nampi zakat.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu
Akbar.
Jamaah ‘Idul Fitri ingkang dipun
mulyaaken Allah SWT
Sasampunipun kita nglampahi ibadah
puasa wulan Ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep ridha Allah, mugi-mugi Gusti
Allah paring pangapunten dhumateng dosa-dosa kita, kados bayi ingkang nembe
lair.
Kados dawuhipun Nabi Muhammad SAW:
“مَنْ قَامَ
رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ”
Tegesipun: “Sintên tiyang ingkang
nglampahi (ibadah) Ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep ridha Allah, mila badhe
dipun apura dosa-dosanipun ingkang sampun kapengker.”
Nanging, punika dosa ingkang
gegayutan kaliyan Allah SWT. Dene dosa ingkang gegayutan kaliyan sesami
manungsa, dereng badhe kaparingi pangapunten menawi kita dereng nyuwun
pangapunten dhumateng sesami.
Mila, ing kesempatan ‘Idul Fitri
menika, sumangga kita ginakaken kanggé halal bihalal, nyambung silaturahmi
dhumateng para sepuh, sanak kadang, kanca, lan tanggi, kanthi nyuwun
pangapunten lahir lan batin.
Rasulullah SAW ugi sampun dhawuh:
“مَنْ
أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ
رَحِمَهُ”
Tegesipun: “Sintên tiyang ingkang
remen dipun jembaraken rezekinipun lan dipun dawamaken umurinipun, mila kedah
nyambung tali silaturahmi.” (HR. Bukhari Muslim)
Jamaah ‘Idul Fitri ingkang dipun
mulyaaken Allah SWT
Saking khutbah menika, kita saged
mundhut sawetara kesimpulan:
- Sumangga kita ngrayakaken ‘Idul Fitri kanthi suka cita,
nanging boten ngantos kebablasan nuruti hawa nafsu lan godhaning syaitan.
- Kabingahan lan kasenengan punika kedah dipun gayuh
kanthi perjuangan, kesabaran, lan keprihatinan, kados ingkang kita lampahi
ing wulan Ramadhan.
- Kathah para fakir miskin ing sakupenge kita ingkang
mbutuhaken pitulungan, mila aja ngantos kita kesupen ngedalaken zakat lan
berbagi.
- Kanthi semangat ‘Idul Fitri, sumangga kita sami silih
ngapura lan nyambung silaturahmi dhumateng sedaya.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ
الرَّجِيْمِ
“قَدْ
أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا، وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا”
Tegesipun: “Temenan beja tiyang ingkang nyucèkaken jiwanipun, lan temenan rugi tiyang ingkang ngotoraken jiwanipun.”
KHUTBAH KEDUA
اللهُ أَكْبَرُ (۷) اللهُ أَكْبَرُ وَلِلهِ الْحَمْدُ
الْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ، أَمَّا بَعْدُ
فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوا عَمَّا نَهَى عَنْهُ وَحَذَرَ. وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ تَعَالَى صَلَّى عَلَى نَبِيِّهِ قَدِيْمًا ، فَقَالَ تَعَالَى : إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّم عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.
اَللَّهُمَّ نَوْرْ قُلُوْبَنَا بِالتَّوْفِيْقِ وَالْهِدَايَةِ وَاجْنُبْنَا الشِّرْكَ وَالْمُنْكَرَاتِ. رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا صَلَاتَنَا وَصِيَامَنَا وَجَمِيعَ عِبَادَاتِنَا يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ .. إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبِي وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Tidak ada komentar:
Posting Komentar